Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 18:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. Aja nduweni panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Sang Yehuwah piyambak kang dadi ebeke, kaya kang wus dijanjekake.

3. Mungguh kang dadi wewenange para imam tumrap rakyat yaiku anggone nampani saka para umat kang padha ngladekake kurban sembelehan, dadia sapi utawa wedhus, iku mangkene: imam iku diaturana sampil ngarep siji, uwange loro apamaneh babate.

4. Wiwitaning panenanmu gandum lan anggur sarta lenga apadene wiwitaning bathilane wedhusmu iku iya aturna.

5. Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus milih wong iku saka ing antarane sakehe talermu, supaya tansah ngladeni Sang Yehuwah lan nganakake pangibadah, iya dheweke lan para anake salawas-lawase.

6. Manawa ana wong Lewi teka saka ing salah sawijining kutha kang kalebu tlatah Israel, iya panggonane neneka, sarta kanthi karepe dhewe nekani panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah,

7. lan banjur nganakake pangibadah atas asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, padha kaya sadulure wong Lewi kang padha ngladeni Sang Yehuwah ana ing kono,

8. iku cadhonge kagawea racak padha, iku kajaba pepayone anggone ngedol barang warisane saka leluhure.”

9. “Samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, kowe aja banjur sinau nglakoni jejember kang ditindakake dening bangsa-bangsa ing kono.

10. Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,

11. kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethek, sarta kang neges marang wong mati.

12. Awitdene sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan iya marga saka jejember iku para bangsa mau padha katundung metu saka ing ngarepmu dening Pangeran yehuwah, Gusti Allahmu.

13. Uripmu ditanpa cacad ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

14. Sabab para bangsa kang tanahe arep kokejegi iku padha neges marang juru tenung lan juru pethek, nanging kowe iku ora diparengake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nindakake kang kaya mangkono mau.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 18