Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 15:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. nanging tanganmu malah egarna kang amba lan utangana kalawan blaba, cukup kanggo kabutuhane.

9. Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.

10. Poma kowe menehana kalawan blaba lan samangsa menehi, atimu aja mendhekel; awit marga saka prakara iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi kowe ing sabarang pagaweanmu lan ing sakehe pambudi-dayamu.

11. Awitdene mungguh wong miskin iku salawase bakal tansah ana bae ing nagara kono; mulane kowe dakprentahi mangkene: Tanganmu egarna kang amba marang sadulurmu kang kacingkrangan lan kang miskin ana ing nagaramu.”

12. “Saupama ana sadulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon kang ngedol awake marang kowe, iku anggone ngenger marang kowe nganti nem taun lawase, nanging ing taun kaping pitune lilanana mardika.

13. Dene samangsa koklilani mardika, aja koklungakake kalawan legeh bae,

14. sangonana kanthi loma saka pepanthaning wedhusmu lan saka panutonmu sarta saka pamipitanmu anggur, cundhuk karo berkahing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

15. Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.

16. Nanging saupama baturmu mau duwe atur marang kowe: Kula boten badhe medal nilar panjenengan! -- marga wus tresna marang kowe lan brayatmu, sarta wus kepenak ana ing panggonanmu,

17. nuli kowe njupuka uncek, kacoblosna ing godhohing kupinge tumempel ing lawang, temah dadi baturmu salawase. Dene baturmu wadon iya kagawea kaya mangkono uga.

18. Anggonmu mardikakake baturmu aja kalawan oweling atimu, awitdene anggone wus ngenger marang kowe nem taun lawase, iku oleh-olehane tikel lorone buruh dinan. Dene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang kang koklakoni.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 15