Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 15:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. “Saben pendhak pitung taun kowe nganakna palunasan utang.

2. Mungguh carane palunasan iku mangkene: Saben wong kang motangake iku nglilakna apa kang diutangake marang pepadhane, aja nganti nagih marang pepadhane utawa sadulure, marga wus ana undhang-undhang bab palunasan kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah.

3. Tumrap wong bangsa liya iku kena koktagih, nanging kang kokutangake marang sadulurmu iku lilakna.

4. Dadi ing antaramu aja nganti ana wong miskin, marga Sang Yehuwah mesthi bakal ngluberake berkahe marang kowe ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi tanah-pusakamu;

5. anggere kowe padha nggatekake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan temen-temen, lan nglakoni kalawan temen-temen sakehing angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.

6. Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus mberkahi kowe, kaya kang wus dadi dhawuhe marang kowe, temah kowe bakal motangake marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal golek utangan, sarta bakal nguwasani bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal dikuwasani.

7. Saupama ing antaramu ana wong miskin panunggalane sadulurmu ana ing salah sawijining panggonanmu, ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ing kono kowe aja nganti ora maelu utawa mung sedhakep tangan bae ana ing ngarepe sadulurmu kang miskin mau,

8. nanging tanganmu malah egarna kang amba lan utangana kalawan blaba, cukup kanggo kabutuhane.

9. Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.

10. Poma kowe menehana kalawan blaba lan samangsa menehi, atimu aja mendhekel; awit marga saka prakara iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi kowe ing sabarang pagaweanmu lan ing sakehe pambudi-dayamu.

11. Awitdene mungguh wong miskin iku salawase bakal tansah ana bae ing nagara kono; mulane kowe dakprentahi mangkene: Tanganmu egarna kang amba marang sadulurmu kang kacingkrangan lan kang miskin ana ing nagaramu.”

12. “Saupama ana sadulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon kang ngedol awake marang kowe, iku anggone ngenger marang kowe nganti nem taun lawase, nanging ing taun kaping pitune lilanana mardika.

13. Dene samangsa koklilani mardika, aja koklungakake kalawan legeh bae,

maca bab lengkap Pangandharing Toret 15