Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 12:26-32 Kitab Sutji (JAV)

26. Balik pisungsungmu kang suci lan pisungsungmu punagi iku padha gawanen menyang ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah;

27. kurbanmu obaran, iya daging tekan getihe, padha olahen ana ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, dene getihe kurbanmu sembelehan iku kaesokna ing misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nanging daginge kena kokpangan.

28. Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

29. “Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes saka ing ngarepmu, bangsa-bangsa kang tanahe kokparani bakal kokejegi sarta manawa kowe wus kelakon padha ngejegi dhaerahe lan manggon ing nagarane;

30. banjur dingati-ati, supaya sawuse padha katumpes saka ing ngarepmu, kowe aja nganti kena ing kalajiret lan banjur niru wong-wong iku; kowe aja nakokake bab allahe kalawan pangucapmu: Kapriye bangsa iki anggone padha ngabekti marang allahe? Aku iya padha daktumindak mangkono.

31. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, aja koktanduki kaya mangkono, awitdene samubarang kang jember tumrap Pangeran Yehuwah, apa kang disengiti, iku kang ditindakake dening bangsa iku tumrap allahe; malah anake lanang lan wadon padha diobongi, kanggo allahe.

32. Kabeh kang dakprentahake marang kowe iku padha lakonana kalawan temen-temen, aja kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi. edit 1: fajar 13.12.01

maca bab lengkap Pangandharing Toret 12