Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 11:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. “Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.

2. Saiki kowe padha sumurup -- kang daktuturi iku dudu anak-anakmu, kang padha ora ngerti lan padha ora weruh marang pamerdine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu --, kaluhurane astane kang rosa lan lengen kang kaulukake,

3. pratandha lan pakaryane kang ditindakake ana ing Mesir marang Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir lan marang ing saindenging nagarane,

4. uga kang ditandukake marang wadya-bala Mesir dalah jaran lan kretane, yaiku anggone Panjenengane damel klelebe banyune sagara Teberau, nalika padha nututi kowe, banjur padha katumpes dening Sang Yehuwah kanggo ing salawase.

5. Mangkono uga apa kang ditandukake marang kowe ana ing pasamunan, nganti satekamu ing panggonan iki,

6. sarta maneh kang ditandukake marang Datan lan Abiram, anake Eliab, turune Eyang Ruben, nalika bumi ngangapake cangkeme nguntal wong-wong mau sabrayate dalah tarub-tarube apadene kabeh kang padha ngeloni wong-wong mau ana ing satengahe wong Israel saumat kabeh.

7. Mripatmu dhewe rak padha weruh sakehe pandamele Pangeran Yehuwah kang linuwih kang katindakake.”

8. “Mulane padha netepana sakehe angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya kowe padha kaconggaha lumebu lan ngejegi nagara kang kok parani lan bakal kokenggoni,

9. sarta supaya kowe padha kaparingana umur dawa ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu kalawan supaos, yen bakal kaparingake marang para leluhurmu lan marang turune, sawijining nagara kang luber puwan lan madu.

10. Sabab nagara kang kokparani arep kokejegi iku kaanane ora kaya tanah Mesir kang wus koktinggal lunga, kang sawuse koksebari wiji, banjur kudu koksirami banyu kanthi ngrekasa, patrape kaya nggarap pakebonan janganan.

11. Balik nagara kang kokparani arep kokejegi iku wujud gunung-gunung lan lebak-lebak, oleh banyu udan saka ing langit;

12. nagara kang diopeni dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nagara kang tansah dipirsani ing tingale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing wiwitaning taun nganti tumeka ing wekasaning taun.

13. Manawa kowe kanthi temen-temen anggonmu ngestokake pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki lan padha tresna lan ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,

14. mesthi Panjenengane bakal maringi udan ing tanahmu ing saben mangsane, iya udan wiwitan lan udan kang wekasan, satemah kowe bakal nglumpukake gandummu, anggurmu lan lengamu;

15. sarta Panjenengane bakal maringi suket ana ing pangonan kanggo kewanmu, sarta kowe bakal bisa mangan nganti wareg.

16. Padha ngati-atia, supaya atimu aja kena ing godha, temah kowe padha nyimpang sarana ngabekti lan sujud marang allah liya-liyane.

17. Yen kaya mangkono, bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe sarta langit bakal kainebake, temah ora ana udan lan bumi ora aweh pametu, sarta kowe enggal padha tumpes sirna saka ing nagara kang becik peparinge Pangeran Yehuwah marang kowe.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 11