Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 1:14-16 Kitab Sutji (JAV)

14. Ing kono atur wangsulanmu: Prakawis ingkang panjenengan karsakaken punika pancen prayogi dipun lampahi.

15. Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.

16. Lan ing waktu samana aku banjur prentah marang para hakimmu, mangkane: Padha nggatekna marang prakarane para sadulurmu, lan padha gawea putusan kang adil, dadia ing antarane sawijining wong karo sadulure, utawa karo bangsa liya kang ana ing satengahmu.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 1