Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Obaja 1:9-16 Kitab Sutji (JAV)

9. He Teman, uga para pahlawanira bakal kamitenggengen,supaya sakehe wong ing pagunungane Esap padha sirna kapatenan.

10. Marga saka panganiaya kang sira tandukane marang sadulurira Yakub,sira bakal kataman ing wiranglan bakal kasirnakake ing salawase.

11. Ing nalika sira ngadeg ana ing kadohan,mangka wong-wong liya padha ngrayah kasugihane Yerusalemlan wong-wong ngamanca padha lumebu ing gapurane,sarta padha mbuwang undhi tumrap Yerusalem,ing kono sira uga padha dadi pepadhane wong-wong iku.

12. Sira aja ngremehake saduluriraing dina kasangsarane,lan aja bungah-bungah ing ngatase bani Yehuda,ing dina tumpese;lan aja umuk-umukaning dina karupekane.

13. Aja lumebu ing gapurane umatingSuning dinane kang siyal,malah aja nganggep entheng marang ing kacilakan kang tumempuh,ing dinane kang siyal;lan aja ngrampas barang darbekeing dinane kang siyal iku.

14. Sira aja nyegati ana ing dalan simpangan,kalawan sedya numpes wonge kang padha oncat,lan aja ngulungake kang padha bisa oncating dina karupekane.

15. Amarga wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang tumempuh marang sakehe umat,sira bakal diwales padha kaya kang dadi panggawenira,panggawenira bakal bali nampek marang sirahira dhewe.

16. Lah kaya patrap anggonira wus ngombe ana ing gunungingSun kang suci,mangkono uga para umat iya bakal ngombe kabeh tanpa leren,malah anggone ngombe katon ngangsa-angsa,lan bakal dadi kaya-kaya bangsa-bangsa mau ora tau ana.

maca bab lengkap Obaja 1