Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 8:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika wus nyandhak sasi kapitu, bareng wong Israel wus padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe,

2. nuli wong sabangsa kabeh padha sarujuk nglumpuk ana ing plataran sangareping gapura Banyu. Panyuwune marang Imam Ezra ahli kitab, supaya mundhut kitabe Toret Nabi Musa, yaiku kitab angger-angger kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah marang Israel.

3. Ing tanggal sapisan sasi kapitu Imam Ezra banjur ngasta kitab Toret mau menyang ing ngarepe pasamuwan, yaiku pakumpulane wong lanang wadon tuwin sakehe wong kang bisa nampani.

maca bab lengkap Nehemya 8