Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 7:62-73 Kitab Sutji (JAV)

62. bani Delaya, bani Tobia, bani Nekoda, gunggung nem atus patang puluh loro;

63. lan saka ing panunggalane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku kang ngrabeni panunggalane anake Barzilai, wong Gilead, banjur karan jenenge kulawarga iku.

64. Iku padha niti-priksa, apa jenenge padha kasebut ana ing sarasilah, nanging ora tinemu, mulane banjur kaanggep ora suci lan ora kena dadi imam.

65. Lan tumrap wong-wong iku ditetepake dening kepala dhaerah, manawa ora kena mangan sesengkeran kang pinunjul, nganti ana imam kang tumindak kanthi ngasta Urim lan Tumim.

66. Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sawidak;

67. iku kajaba abdine lanang lan wadon, kang cacahe ana pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhene lanang lan wadon rong atus patang puluh lima.

68. Jarane wong-wong mau ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima,

69. untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.

70. Panunggalane para panggedhene kulawangsa iku padha nguruni kanggo wragading pagawean, dene kepala dhaerah anggone asok kanggo pasadhiyan waragad rupa mas sewu dirham, bokor panyiraman seket iji lan klambi rangkepan pangagemaning imam limang atus telung puluh.

71. Sumbangane para panggedhening kulawangsa kanggo pasadhiyan waragad rupa mas rong puluh ewu dirham, salaka rong ewu rong atus mina.

72. Anadene kang disumbangake dening wong liyane rupa mas rong puluh ewu dirham, salaka rong ewu mina, lan klambi rangkepan pangagemaning imam sawidak pitu.

73. Anadene para imam, para wong bani Lewi sarta para jaga-gapura apadene pasindhen, tuwin uga saperangane rakyat, para abdi ing padalemane Gusti Allah tuwin para wong Israel liyane kabeh padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.

maca bab lengkap Nehemya 7