Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 7:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi.

2. Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.

3. Aku banjur kandha marang wong-wong iku: “Gapura-gapura Yerusalem aja nganti diwengakake sadurunge srengenge panas sumelet, lan lawang-lawange kudu diinebake sarta padha kaslarakna ing sajrone wong isih padha nyambutgawe ana ing panggonane. Apadene padha mataha wong jaga panunggalane wong ing Yerusalem, siji-sijine anaa ing papan pajagan lan ing ngareping omahe.”

4. Anadene kutha iku gedhe lan jembar, nanging wong kang manggon ing kono mung sathithik, lan omah-omah durung nganti padha dibangun.

5. Gusti Allahku tumuli ngosikake atiku supaya aku nglumpukake para pemimpin lan para panggedhe kang padha nyekel pangwasa lan rakyat, supaya padha kacathetana ing sarasilah. Aku banjur nemu layang sarasilahe wong kang wus luwih dhisik anggone mulih. Ing sajroning cathetan iku tinemu pratelan kaya ing ngisor iki:

6. Iki pratelane ing propinsi Yehuda kang padha mangkat mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diangkatake dening Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing tanah Babil, nuli padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan ing Yehuda, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.

7. Tekane iku padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Azarya, Raamya, Nahamani, Mordekhai, Bilsan, Misperet, Bigwai, Nehum lan Baana.Iki pratelane bab wong-wong bangsa Israel:

8. bani Paros: rong ewu satus pitung puluh loro;

9. bani Sefaca: telung atus pitung puluh loro;

10. bani Arakh: nem atus seket loro;

11. bani Pahat-Moab yaiku bani Yesua lan Yoab: rong ewu wolung atus wolulas;

12. bani Elam: sewu rong atus seket papat;

13. bani Zatu: wolung atus patang puluh lima;

14. bani Zakai: pitung atus sawidak;

15. bani Binui: nem atus patang puluh wolu;

16. bani Bebai: nem atus wolulikur;

17. bani Azgad: rong ewu telung atus rolikur;

18. bani Adonikam: nem atus sawidak pitu;

maca bab lengkap Nehemya 7