Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 2:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rong puluhe paprentahane Sang Prabu Artahsasta, nalika aku nindakake kawajibanku nyawisake anggur, aku njupuk anggur daksaosake marang Sang Nata. Sarehne aku katon sedhih, kang pancen durung tau kelakon ana ing ngarsane Sang Prabu,

2. Sang Prabu banjur ndangu marang aku: “Yagene sira kok katon sedhih, sanadyan sira ora lara. Sira mesthi nandhang prihatin.” Dadine banget anggonku banjur wedi.

3. Unjukku marang Sang Prabu: “Sang Nata mugi sugenga ing salaminipun! Kadospundi anggen kawula boten sedhih, manawi kitha, pakuburanipun para leluhur kawula punika dados gempuran saha gapuranipun sami kabesmi?”

4. Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit,

5. sarta banjur munjuk marang Sang Prabu: “Manawi ndadosaken keparenging karsa dalem, dhuh Sang Prabu, saha manawi abdi dalem manggih sih wonten ing ngarsa dalem, mugi karsaa ngutus kawula dhateng tanah Yehuda, dhateng kitha pakuburanipun para leluhur kawula, kalilana punika kawula bangun malih.”

maca bab lengkap Nehemya 2