Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 13:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. Sajrone iku mau kabeh kelakon, aku ora ana ing Yerusalem, amarga ing taun kang kaping telung puluh lorone paprentahane Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Babil, aku bali seba marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging sawuse sawatara mangsa aku nyuwun pamit maneh marang panjenengane.

7. Satekaku ing Yerusalem, aku banjur nyumurupi pratingkahe Elyasib anggone nguntungake Tobia, yaiku anggone nyawisi kamar ana ing plataraning padalemane Gusti Allah.

8. Iku ndadekake pegeling atiku, mulane sakehing barang darbeke Tobia dakbuwangi metu saka ing kamar mau.

9. Wasana aku mrentahake supaya kamar iku disucekake, nuli pirantine padalemaning Allah sarta kurban dhaharan lan menyan padha daklebokake mrono maneh.

10. Kajaba iku aku uga sumurup, yen para wong Lewi padha ora diwenehi cadhonge, temahan para wong Lewi mau dalah para pasindhen kang padha nduweni kawajiban dhewe-dhewe iku wus padha oncat lunga menyang ing bumine dhewe-dhewe.

11. Para kang nyekel pangwasa banjur padha daktutuh kalawan dakkandhani mangkene: “Yagene padalemane Allah kok koktegakake bae?” Para wong Lewi tumuli dakklumpukake sarta dakbalekake maneh menyang ing panggonane dhewe-dhewe.

12. Sakehe wong Yehuda banjur padha asok maneh pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur tuwin lenga, kagawa menyang ing kamar pasimpenan.

13. Aku tumuli ngangkat lelurahing kamar pasimpenan, yaiku Imam Selemya lan Zadhok, ahli Toret lan Pedaya, wong Lewi, dene Hanan bin Zakur bin Matanya dakbiyantokake mrono amarga wong-wong iku padha dianggep setya. Kabeh padha dipasrahi kawajiban mranata bab anggone mandumi marang para sadulure.

14. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi enget dhateng kawula awit saking prakawis punika, saha mugi sampun ngantos ngicalaken kasaenan ingkang sampun kawula lampahi tumrap padalemaning Gusti Allah kawula saha sakathahipun paladosan ing ngriku!

15. Ing wektu iku aku weruh ing tanah Yehuda ana wong kang padha ngiles-iles pamipitan anggur ing dina Sabat, uga wong kang padha nggawa gedhengan-gedhengan gandum, diemotake ing kuldi, apadene anggur, woh anggur tuwin woh anjir sarta momotan rupa-rupa kang digawa lumebu ing kutha Yerusalem ing dina Sabat. Wong mau nalika pinuju adol bahan pangan, padha dakelingake.

16. Uga wong Tirus kang manggon ing kono, padha nggawa iwak loh lan dagangan rupa-rupa diedol ing dina Sabat marang wong Yehuda, tur ana ing Yerusalem.

17. Para panggedhene wong Yehuda banjur padha daktutuh, sarta dakkandhani: “Patrap apa kang padha koklakoni iki, dene padha nerak kasucene dina Sabat.

18. Para leluhurmu rak iya padha tumindak mangkono, temah Gusti Allah kita ndhatengake bilai marang kita lan marang nagara kene. Apa karepmu arep padha ndadekake bangeting dukane marang Israel, kanthi patrap nerak kasucene dina Sabat?”

maca bab lengkap Nehemya 13