Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 12:31-45 Kitab Sutji (JAV)

31. Aku banjur akon para panggedhening wong Yehuda munggah ing dhuwur balowarti lan banjur ndhapuk juru ngidung rong golongan gedhe. Kang siji lumaku ana ing dhuwur balowarti manengen menyang ing gapura Pawuhan.

32. Ing saburine Hosaya karo saduman saka para panggedhene wong Yehuda,

33. uga Azarya, Ezra, Mesulam,

34. Yehuda, Benyamin, Semaya lan Yeremia,

35. lan para imam kang padha nggawa kalasangka yaiku: Zakharia bin Yonatan bin Senaya bin Matanya bin Mikha bin Zakur bin Azaf,

36. lan para sadulure, yaiku: Semaya, Azareel, Milalai, Gilalai, Maai, Netaneel, Yehuda lan Hanani karo unen-unene Sang Prabu Dawud, abdining Allah, dene Ezra, ahli kitab, lumaku ana ing ngarepe.

37. Bareng tekan ing gapura Sendhang, banjur padha munggah ing undhak-undhakaning kuthane Prabu Dawud, ing unggah-unggahaning balowarti kang ngliwati kadhatone Prabu Dawud, tutug ing gapura Banyu sisih wetan.

38. Golongan pangidung sijine lumaku mangiwa lan aku ngetutake karo saperanganing rakyat ngliwati balowarti lan menara Prapen tumeka ing balowarti Amba.

39. Aku tumuli padha ngliwati gapura Efraim, gapura Lawas, gapura Iwak, menara Hananeel lan menara Mea nganti tekan ing gapura Wedhus Gembel. Tumuli padha mandheg ana ing gapura Pajagan.

40. Sawuse iku golongan pangidung loro mau banjur padha ngadeg ana ing padalemaning Allah. Mangkono uga aku lan saperanganing para panggedhe,

41. lan para imam, yaiku: Elyakim, Maaseya, Minyamin, Mikha, Elyoenai, Zakharia, Hananya kambi nyekel kalasangka,

42. lan Maaseya, Semaya, Eleazar, Uzi, Yohanan, Malkia, Elam lan Ezer. Para pasindhen banjur ngrepekake kidung katuntun dening Yizrahya.

43. Ing dina iku wong padha nyaosake kurban sembelehan akeh banget. Padha bungah-bungah amarga diparingi kabungahan kang luwih gedhe dening Gusti Allah. Dalasan para wong wadon lan bocah-bocah iya padha bungah-bungah, temah karamean Yerusalem iku keprungu nganti adoh.

44. Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.

45. Amarga wong-wong iku kang padha nindakake kawajiban leladi marang Gusti Allah lan padha kawajiban nucekake, mangkono uga para pasindhen lan jaga gapura, cundhuk karo pranatane Sang Prabu Dawud lan Sang Prabu Suleman, putrane.

maca bab lengkap Nehemya 12