Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 11:21-32 Kitab Sutji (JAV)

21. Nanging para abdi ing padalemane Gusti Allah padha manggon ana ing Ofel. Ziha lan Gispa kang nglurahi para abdi ing padalemaning Allah iku.

22. Kang nglurahi para wong Lewi ing Yerusalem: Uzi bin Bani bin Hasabya bin Matanya bin Mikha saka bani Azaf, yaiku para pasindhen kang ngidung sajroning pangibadah ana ing padalemaning Allah.

23. Amarga tumrap wong-wong iku ana dhawuhe Sang Prabu kang netepake pranatan tumrap para pasindhen miturut kaperluwane ing saben dina.

24. Petahya bin Mesezabeel saka bani Zerah bin Yehuda dibiyantokake marang Sang Prabu tumrap samubarang kang magepokan karo bangsa iku.

25. Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.

26. Ing Yesua, ing Molada lan ing Bet-Pelet,

27. ing Hazar-Sual, ing Bersyeba sawewengkone,

28. ing Ziklag, ing Mekhona sawewengkone,

29. ing En-Rimon, Zora, Yarmut,

30. Zanoah, Adulam lan desa-desane, ing Lakhis sapategalane ing Azeka lan sawewengkone. Mangkono anggone padha manggon wiwit saka ing Bersyeba nganti tumeka ing lebak Hinom.

31. Lan bani Benyamin manggon wiwit ing Geba, ing Mikhmas, ing Aya, ing Betel lan sawewengkone,

32. ing Anatot, Nob lan Ananya,

maca bab lengkap Nehemya 11