Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 11:18-24 Kitab Sutji (JAV)

18. Sakabehe wong Lewi ing kutha suci ana rong atus wolung puluh papat.

19. Para jaga gapura: Akub lan Talmon karo para sadulure, kang padha jaga ana ing gapura: satus pitung puluh loro.

20. Saluwihe para wong Israel kang lumrah lan para imam sarta para wong Lewi padha manggon ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda ing tanah pusakane dhewe-dhewe.

21. Nanging para abdi ing padalemane Gusti Allah padha manggon ana ing Ofel. Ziha lan Gispa kang nglurahi para abdi ing padalemaning Allah iku.

22. Kang nglurahi para wong Lewi ing Yerusalem: Uzi bin Bani bin Hasabya bin Matanya bin Mikha saka bani Azaf, yaiku para pasindhen kang ngidung sajroning pangibadah ana ing padalemaning Allah.

23. Amarga tumrap wong-wong iku ana dhawuhe Sang Prabu kang netepake pranatan tumrap para pasindhen miturut kaperluwane ing saben dina.

24. Petahya bin Mesezabeel saka bani Zerah bin Yehuda dibiyantokake marang Sang Prabu tumrap samubarang kang magepokan karo bangsa iku.

maca bab lengkap Nehemya 11