Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 11:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Para panggedhening bangsa padha dedalem ana ing Yerusalem, dene kekarene padha ngumbulake undhi, kagawe nemtokake wong siji saben sapuluhe kang oleh manggon ana ing kutha suci Yerusalem, nuli kang sanga manggon ana ing kutha-kutha liyane.

2. Wong-wong padha ngalembana, saben wong kang kanthi eklas manggon ana ing Yerusalem.

3. Iki pratelane bab para penggedhening propinsi Yehuda kang dedalem ana ing Yerusalem, dene ing kutha-kutha ing tanah Yehuda wong Israel padha manggon ing tanah darbeke dhewe-dhewe ana ing kuthane dhewe-dhewe: yaiku wong lumrah, para imam, para wong Lewi, para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman.

4. Bani Yehuda lan bani Benyamin kang padha manggon ana ing Yerusalem yaiku: saka bani Yehuda: Ataya bin Uzia, bin Zakharia, bin Amarya bin Sefaya bin Mahalaleel, bin Peres,

5. lan Maaseya bin Barukh bin Kolhoze bin Hazaya bin Adaya bin Yoyarib bin Zakharia, turune wong Syela.

6. Sakehe bani Peres kang manggon ana ing Yerusalem, gunggunge ana patang utus sewidak wolu, padha wong gagah prakosa.

7. Lan iki turune bani Benyamin: Salu bin Mesulam bin Yoed bin Pedaya bin Kolaya bin Maaseya bin Itiel bin Yesaya.

8. Nuli Gabai, Salai: gunggunge sangang atus wolulikur.

9. Yoel bin Zikhri kang dadi kepalane, dene Yehuda bin Hasenua dadi wakile kang nguwasani kutha.

10. Saka para imam: Yedaya bin Yoyarib, Yakhin,

11. Seraya bin Hilkia bin Mesulam bin Zadok bin Merayot bin Ahitub, lelurahing Padaleman Suci,

12. lan para sadulure kang ngladeni ana ing padaleman kono: wolung atus rolikur. Uga Adaya bin Yeroham bin Pelalya bin Amzi bin Zakharia bin Pasyhur bin Malkia,

13. sarta para sadulure, panggedhening kulawangsa: rong atus patang puluh loro. Lan Amasai bin Asareel bin Akhzai bin Mesilemot bin Imer,

14. lan para sadulure, para prawira gagah prakosa, satus wolulikur, kang dadi kepalane Zabdiel bin Gedolim.

maca bab lengkap Nehemya 11