Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 7:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Dhuh putri kang luhur ing budi,iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku,solahing cethikmu kaya rerenggan,gegaweaning tangane seniman.

2. Pusermu pindha bundering bokor,kang tan lukak isi anggur cinampur.Padharanmu kaya gandum tinumpuk,kinubengan ing kembang bakung.

3. Payudaramu lir anak menjangan loro,kadya anak kidang kembar.

4. Gulumu pindha menara gadhing,mripatmu kadi telaga ing Hesybon,cedhak gapura Batrabim;irungmu kaya menara ing Libanon,kang madhep marang ing kutha Damsyik.

5. Sirahmu kadi gunung Karmel,rambuting sirahmu wungu semu abang;sawijining ratu kecanthol ing klabangane.

6. Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu,heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 7