Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 7 Kitab Sutji (JAV)

1. Dhuh putri kang luhur ing budi,iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku,solahing cethikmu kaya rerenggan,gegaweaning tangane seniman.

2. Pusermu pindha bundering bokor,kang tan lukak isi anggur cinampur.Padharanmu kaya gandum tinumpuk,kinubengan ing kembang bakung.

3. Payudaramu lir anak menjangan loro,kadya anak kidang kembar.

4. Gulumu pindha menara gadhing,mripatmu kadi telaga ing Hesybon,cedhak gapura Batrabim;irungmu kaya menara ing Libanon,kang madhep marang ing kutha Damsyik.

5. Sirahmu kadi gunung Karmel,rambuting sirahmu wungu semu abang;sawijining ratu kecanthol ing klabangane.

Manising tresna

7:6--8:4

6. Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu,heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng.

7. Wanguning awakmu kadi wit kurma,lan payudaramu pindha dhompolane.

8. Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku,lan nyekel dhompolan-dhompolane.Payudaramu kaya dhompolan anggur,lan napasing irungmu lir woh apel.

9. Tembung-tembungmu manis kaya anggur!”Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren,luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu!

10. Aku iki duweke kekasihku,kayungyunne tumuju marang aku.

11. Dhuh kekasih kawula,sumangga sami ameng-ameng dhateng ara-ara, nyare wonten ing satengahing sekar pacar!

12. Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ingpakebonan anggur ing wanci umun-umun,lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun,punapa sekaripun sampun mekar,wit-witanipun dlima punapa sampun sekar!Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokakenkatresnan kawula dhumateng Paduka!