Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 6:4-7 Kitab Sutji (JAV)

4. Kowe iku endah ing warna, dhuh memanisku, kaya kutha Tirza,edi-endah kaya kutha Yerusalem,ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule.

5. Mripatmu engokna saka aku,amarga aku dadi ngleleng marga saka iku.Rambutmu pindha pepanthan wedhus,kang tumurun ngombak-ombak saka ing gunung Gilead.

6. Untumu kadya pepanthan wedhus gembel,kang jumedhul saka pangguyangan,kabeh padha manak kembar,ora ana kang ora duwe anak.

7. Pilinganmu kaya woh dlima sinigar,ana ing ngisoring kudhungmu.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 6