Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 5:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku,ngumpulake mur lan anggi-anggiku,dakpangan tala lan maduku,dakombe anggur lan puwanku.Para mitra, mangana lan ngombea,ngombea nganti mendem tresna!

2. Aku turu, nanging atiku melek.Rungokna, kekasihku thothok-thothok.“Wenganana kori, yayi, memanisku,manuk daraku, idham-idhamanku,amarga sirahku klebes ebun,lan rambutku kebak tetesing ebun bengi!”

3. “Kawula sampun cucul rasukan,punapa kawula badhe dandan malih?Kawula sampun mijiki suku kawula,punapa badhe kawula damel reged malih?”

4. Kekasihku nuli nglebetake astane metu bolonganing kori,atiku temah dheg-dhegan.

5. Aku tangi ngwengani kori kekasihku,tanganku netesake mur,drijiku netesake mur cuwer,ing gocekaning kancingan lawang.

6. Kekasihku dakwengani lawang,nanging kekasihku wis mengker, ngical.Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenengane ngical.Panjenengane daklari, nanging ora tinemu,dakaturi, nanging ora paring wangsulan.

7. Wong rondha ing kutha bareng padha kepethuk aku,aku dipenthungi, ditatoni,rimongku direbutdening wong kang jaga balowarti.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 5