Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 5 Kitab Sutji (JAV)

1. Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku,ngumpulake mur lan anggi-anggiku,dakpangan tala lan maduku,dakombe anggur lan puwanku.Para mitra, mangana lan ngombea,ngombea nganti mendem tresna!

Kangene penganten putri

5:2-8

2. Aku turu, nanging atiku melek.Rungokna, kekasihku thothok-thothok.“Wenganana kori, yayi, memanisku,manuk daraku, idham-idhamanku,amarga sirahku klebes ebun,lan rambutku kebak tetesing ebun bengi!”

3. “Kawula sampun cucul rasukan,punapa kawula badhe dandan malih?Kawula sampun mijiki suku kawula,punapa badhe kawula damel reged malih?”

4. Kekasihku nuli nglebetake astane metu bolonganing kori,atiku temah dheg-dhegan.

5. Aku tangi ngwengani kori kekasihku,tanganku netesake mur,drijiku netesake mur cuwer,ing gocekaning kancingan lawang.

6. Kekasihku dakwengani lawang,nanging kekasihku wis mengker, ngical.Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenengane ngical.Panjenengane daklari, nanging ora tinemu,dakaturi, nanging ora paring wangsulan.

7. Wong rondha ing kutha bareng padha kepethuk aku,aku dipenthungi, ditatoni,rimongku direbutdening wong kang jaga balowarti.

8. He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani:manawa kowe kapethuk kekasihku,apa kang arep kokaturake marang Panjenengane?Aturna, yen aku nandhang brangta!

Penganten putri ngalembana penganten kakung ana ing ngarepe para putri ing Yerusalem

5:9--6:3

9. -- He wong sulistya ing satengahe para wanita,apa kaceke kekasihmu karo kekasih liyane,dene aku nganti koksupatani mangkene?

10. -- Kekasihku iku putih menthur lan abang sumringah,katon dhewe ana ing antarane wong puluhan ewon.

11. Mustakane kaya kancana, kancana murni,remane ngandhan-andhan,ireng kaya gagak.

12. Tingale kaya manuk dara ana ing pinggir kali,siram ing puwan lan lenggah ana ing blumbang kang peres.

13. Pangarasane kaya bedhengan anggi-anggi,godhag-godhaganing akar wangi.Lathine kaya bakung,kang netesake mur ajer.

14. Astane giligan kancana,rinengga ing sesotya Tarsis,sarirane pindha gadhing ingukir,tinretes ing watu nilam.

15. Sampeyane iku saka marmer putih,tumumpang ing dhasar kancana murni.Sarirane kadya gunung Libanon,pinilih kaya wit anjir.

16. Pangandikane tuhu manis,sapari-polahe ngresepake,kaya mangkono iku kekasihku,iya kaya mangkono iku,he para putri ing Yerusalem!