Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 4:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya,sanyata endah warnamu iku!Mripatmu katon lir manuk dara,ana ing sangisoring kudhungmu.Rambutmu pindha pepanthan wedhuskang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.

2. Untumu kadi pepanthan wedhus gembel kang lagi bae kacukuran,lan metu saka ing pangguyangan,kang kabeh manak kembarsarta ora ana kang ora duwe anak.

3. Lambemu lir pita jingga,tutukmu endah.Pilinganmu katon lir woh delima sinigarana ing sangisoring kudhungira.

4. Gulumu kadi menarane Sang Prabu Dawud,kang binangun kanggo nyimpen gegaman,tameng sewu cumanthel ana ing konosarta gadane para prawira kabeh.

5. Payudaramu pindha anak menjangan loro utawa anak kidang kembarkang lagi nyenggut ana ing satengahing kembang bakung.

6. Sadurunge angin sore mididlan ayang-ayang ngilang,aku kepengin munggah menyang ing gunung murlan ing pagunungan menyan.

7. Kowe iku sulistya banget, dhuh memanisku,awakmu ora kadunungan cacad.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 4