Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 7:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Aja ngandel marang mitra,aja pasrah marang kanca,jaganen lawanging cangkemmutumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu.

6. Dene anak lanang ngremehake bapakne,anak wadon nglawan biyunge,mantu wadon nglawan maratuwane wadon,kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah.

7. Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah,nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku,Allahku mesthi bakal nyembadani aku!

8. He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku!Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh,dadia linggih ana ing pepeteng pisan,Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.

9. Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah,awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane,nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku,sarta paring adil marang aku,aku bakal katuntun menyang pepadhang,satemah aku bakal ngrasakake kaadilane.

10. Mungsuhku bakal nyipati iku,satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang,kang duwe ujar marang aku:“Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?”Mripatku bakal nyawanganggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.

11. Bakal tumeka ing titi-mangsane balowartimu bakal kabangun maneh,ing dina iku wewengkonmu bakal kajembarake.

12. Ing dina iku wong bakal ngadhep marang kowe,wiwit wong kang saka Asyur nganti tekan kang saka ing Mesir,lan wiwit saka ing Mesir nganti tekan ing bengawan Efrat,saka sagara kang siji tekan sagara sijine,sarta wiwit ing gunung kang siji tekan ing gunung sijine.

13. Nanging bumi bakal dadi ludhes marga saka kang ngenggoni,iku wohe panggawene.

14. Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka,inggih menda kagungan Paduka piyambak,ingkang sami kepencil manggen ing wana,ing satengahing kebon wowohan,mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead,kados nalika ing jaman rumiyin.

15. Kados nalika Paduka miyos saking Mesir,kawula mugi sami kaparingana sumerep bab kaelokan-kaelokan!

16. Para bangsa bakal padha nyawang,lan banjur rumangsa isin,marga saka sakehe kakuwatane,cangkeme cikben ditutupi tanganlan kupinge cikben dadi budheg.

17. Kareben padha ndilat lebu kaya ula,kaya kewan kang gumremet ing bumi;kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris,sarta padha sowan marang ing ngarsane PangeranYehuwah Allah kita, kalawan gumeter,kalayan ajrih dhateng Paduka.

maca bab lengkap Mikha 7