Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 5:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh,kaya singa ana ing antarane sato alas,kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus;menyanga ngendi bae parane,mbanting lan nubruk,lan ora ana kang bisa nguwalake.

8. Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu,sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.

9. Pangandikane Sang Yehuwah:Ing dina iku bakal kelakon,Ingsun bakal mbengkas jaranira saka ing tengahira,lan bakal ngrusak kretanira.

10. Ingsun bakal nyirnakake kutha-kuthane nagaranira,sarta betengira bakal padha Sungempuri.

11. Ingsun bakal nyirnakake pirantinira sihir,lan juru tenung bakal ora ana maneh ing tengahira.

12. Mangkono maneh reca-recanira,apadene tugu-tugu branalanirabakal Sungempur saka ing tengahira,temah sira bakal ora sujud manehmarang gegaweaning tanganira.

13. Dalah saka-sakanira brahala bakal Sunbedholi saka ing tengahira,lan brahalanira bakal Sunsirnakake.

14. Wasana para bangsakang ora ngestokake dhawuhingSun,bakal Sunwales kalawan bebendu lan bramatya.

maca bab lengkap Mikha 5