Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 5 Kitab Sutji (JAV)

Rawuhe Sang Mesih sarta luware Israel

5:1-14

1. Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata,sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda,saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun,wong kang bakal ngereh Israel;kang wus ana wiwit ing jaman purwa,wiwit ing jaman kuna.

2. Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektunewanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar,nuli kekarening para sadulurebakal padha bali nunggal karo wong Israel.

3. Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah,iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe;wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem,marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;

4. sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu.Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita,sarta ngambah ing tanah kita,nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan,malah pemimpin wolu kang asipat manungsa.

5. Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang,lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan,sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyursamangsa dheweke lumebu ing tanah kitasarta ngambah ing tlatah kita.

6. Anadene kekarene Yakub bakaldumunung ing antarane bangsa akeh,kaya ebun saka Sang Yehuwah,kaya tetesing udan ing thethukulan,kang ora njagakake marang wong,lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa.

7. Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh,kaya singa ana ing antarane sato alas,kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus;menyanga ngendi bae parane,mbanting lan nubruk,lan ora ana kang bisa nguwalake.

8. Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu,sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.

9. Pangandikane Sang Yehuwah:Ing dina iku bakal kelakon,Ingsun bakal mbengkas jaranira saka ing tengahira,lan bakal ngrusak kretanira.

10. Ingsun bakal nyirnakake kutha-kuthane nagaranira,sarta betengira bakal padha Sungempuri.

11. Ingsun bakal nyirnakake pirantinira sihir,lan juru tenung bakal ora ana maneh ing tengahira.

12. Mangkono maneh reca-recanira,apadene tugu-tugu branalanirabakal Sungempur saka ing tengahira,temah sira bakal ora sujud manehmarang gegaweaning tanganira.

13. Dalah saka-sakanira brahala bakal Sunbedholi saka ing tengahira,lan brahalanira bakal Sunsirnakake.

14. Wasana para bangsakang ora ngestokake dhawuhingSun,bakal Sunwales kalawan bebendu lan bramatya.