Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 4:3-9 Kitab Sutji (JAV)

3. Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa,sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe,nganti tekan panggonan kang adoh;pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen,lan tumbake kagawe arit;bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane,lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.

4. Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe,lan ana ing sangisoring wite anjir dhewelan ora ana wong kang gawe kagete,marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono.

5. Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumakuklawan nganggep allahe dhewe-dhewe,nanging kita bakal lumebu klawan nganggepasmane Pangeran Yehuwah Allah kita,nganti salawas-lawase lan ing sateruse.

6. Pangandikane Sang Yehuwah: Ing dina ikuIngsun bakal nglumpukake wong kang padha pincanglan nglumpukake kang pating blesarapadene kang wus Sundhawahi bilai.

7. Kang pincang bakal Sundadekake lajering turunlan kang katundhung dadi bangsa kang santosa,apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion,wiwit samengko nganti ing salawas-lawase.

8. Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus,he, tenggere putri ing Sion,sira bakal katekananlan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik,yaiku keprabone putri ing Yerusalem.

9. Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora?Apa ora ana ratu ing tengahira?Utawa penasehatira apa wis padha tumpes,dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani?

maca bab lengkap Mikha 4