Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 4:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing dina-dina kang wekasan bakal kelakon,gununge padalemane Pangeran Yehuwahbakal ngadeg jejeg ngungkuli gunung-gunung,sarta munggut dhuwur ngungkuli tengger-tengger,para bangsa bakal padha gumrudug mrone,

2. lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap:“Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah,marang padalemane Gusti Allahe Yakub,supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine,sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge,marga saka Sion bakal ana pituduh,lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”

3. Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa,sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe,nganti tekan panggonan kang adoh;pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen,lan tumbake kagawe arit;bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane,lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.

4. Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe,lan ana ing sangisoring wite anjir dhewelan ora ana wong kang gawe kagete,marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono.

maca bab lengkap Mikha 4