Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 2:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka,lan kang ngrantam-rantam piala ana ing paturone;sarta bareng esuk ditindakake,marga prakara iku ana ing pangwasane;

2. kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut,lan omah-omah, iya banjur disrobot bae,kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahewong satanah-pusakane.

3. Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene:Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang jinis iki,lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku,sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh,marga wektu iku wektu kang nyilakani.

4. Ing dina iku wong-wong bakal nglairake unen-unenlan kidung pangadhuh ing ngatase sira,sarta bakal ngucap:“Kita wus dilebur babar pisan!Pandumane warisan bangsaku iku wus kaukur nganggo tali,lan ora ana wong kang mbalekake,pategalan-pategalan kita diedum-edumake marang wong kang padha nawan kita.”

maca bab lengkap Mikha 2