Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 1:8-11 Kitab Sutji (JAV)

8. Awit saka kang mangkono iku aku arep sesambat lan ngadhuh-adhuh,arep lumaku tanpa trumpah lan wuda,pangadhuhku bakal kaya pangadhuhe asu alas,sarta pasambatku kaya pasambate manuk unta.

9. Sabab tatune Samaria ora bisa mari,wus mremen nganti tekan ing Yehuda,malah tekan ing gapurane bangsaku,iya ing Yerusalem.

10. Aja kokwartakake menyang ing Gat,aja nangis babar pisan,kowe nglosoda ana ing lebu ing Bet-Le-Afra.

11. He wong isine Safir, enggal mangkata,kalawan wuda lan kawirangan.Wong isine Zaananora wani metu.Pangadhuhe Bet-Haezel ngalang-alangi angonmutetep ana ing kono.

maca bab lengkap Mikha 1