Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 1:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyanelan lebak-lebak padha bengkahkaya malam cedhak geni,kaya banyu nggrojog ana ing udhun-udhunan.

5. Iku kabeh kelakon marga saka panerake Yakub,lan saka dosane turune Israel.Apa ta panerake Yakub iku?Iku rak Samaria?Dosane turune Yehuda iku apa ta?Iku rak Yerusalem?

6. Mulane Samaria bakal Sundadekake jugrugan ana ing ara-ara,dadi pakebonan anggur,watu-watune bakal Sunbuwangi ing lebaklan dhasar-dhasare bakal Suneler.

7. Reca-recane bakal padha diremuklan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong,lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake;awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang,mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.

8. Awit saka kang mangkono iku aku arep sesambat lan ngadhuh-adhuh,arep lumaku tanpa trumpah lan wuda,pangadhuhku bakal kaya pangadhuhe asu alas,sarta pasambatku kaya pasambate manuk unta.

maca bab lengkap Mikha 1