Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 1:13-16 Kitab Sutji (JAV)

13. He wong isine Lakhis,kretanira rakitana jaran teji.Iki kang dadi wiwitaning dosatumrap putri ing Sionamarga sira kanggonandurakane Israel.

14. Mulane becik sira menehana ganjaran pepisahanmarang Moresyet-Gat,omah-omah ing Akhzibbakal dadi kaculikan tumrap para raja ing Israel.

15. He wong isine Maresya,Ingsun isih bakal nekakake juru nelukake marang sira,kamulyane Israelbakal nganti tekan ing Adulam.

16. Cukura lan gundhula,marga saka anak-anakira kang padha sira tresnani!Gundhul dikaya manuk garudha,marga anak-anakira iku bakal padha kaparakakemenyang ing pambuwangan.

maca bab lengkap Mikha 1