Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 1:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Saupama Edom duwe pangucap: “Aku wus padha rusak, nanging jugrugane bakal padha dakbangun maneh,” nuli pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Wong iku kena padha mbangun, nanging iku bakal Sunbubrah, sarta jenenge bakal kasebut: wewengkoning kadursilan, sarta bangsa kang dibendoni dening Pangeran Yehuwah ing salawas-lawase.”

5. Mripatira bakal nyipati, lan sira dhewe bakal padha ngucap mangkene: “Pangeran Yehuwah iku mahaluhur nganti tekan ing sajabaning tlatah Israel.”

6. Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, -- he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”

7. Sira padha nyaosake roti kang najis ana ing misbyahingSun, nanging padha munjuk: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula najisaken?” Kanthi anggonira ngira: “Mejane Pangeran Yehuwah iku kena disepelekake.”

8. Manawa sira padha ngurbanake kewan kang picak, apa iku ora ala? Utawa manawa sira ngurbanake kang pincang utawa kang laranen, apa iku ora ala? Coba kang mangkono iku aturna marang bupatinira, apa sira ndadekake keparenge, apa maneh apa banjur nampani sira kanthi seneng? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

9. Mulane saiki: “Coba padha ngudia nglilihake panggalihe Gusti Allah, supaya karsaa paring kawelasan marang kita!” Sarehne wus ana tindakira kang kaya mangkono mau, Gusti Allah apa iya karsa nampeni panunggalanira kanthi becik? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

maca bab lengkap Maleakhi 1