Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:54-61 Kitab Sutji (JAV)

54. Toya mbanjiri sirah kawula,kawula nginten: “Bilai aku saiki.”

55. “Dhuh Yehuwah, kawula nyebut asma Padukasaking dhasaring luweng ingkang lebet.

56. Paduka miyarsakaken swara kawula.Paduka sampun ngantos nutupi talingan Padukatumrap pangadhuh saha pasambat kawula.

57. Nalika kawula sesambat dhateng Paduka,Paduka celak sarta ngandika: Aja wedi.”

58. “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun mbelani prakawis kawula,sarta sampun ngluwari gesang kawula.

59. Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nguninganianggen kawula dipun etrapi ingkang boten adil;Paduka mugi karsaa maringi kaadilan!

60. Paduka sampun nguningani pangigit-igitipun tiyang-tiyang wausaha sadaya pangrantamipun dhateng kawula.”

61. “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun midhangetaken pamemadanipun,dalah pangrantamipun dhateng kawula;

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3