Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 1:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Sion ngegarake tangane,nanging ora ana wong kang nglipur;Pangeran Yehuwah wus nglempakake tangga-tanggane,supaya padha nglawan marang Yakub.Yerusalem wus dadi najis,ana ing satengahe mungsuh-mungsuh mau.

18. “Pangeran Yehuwah iku kang leres,awit aku wus mbalela marang pangandikane;heh sakehe bangsa, padha rungoknalan sawangen prihatinku,para wong nonomanku lanang lan wadonwus padha lunga dadi tawanan.

19. Aku ngundang para kang daktresnani,nanging iku padha ngapusi aku,para imamku lan para tuwa-tuwaku,wus padha ngajal kabeh ana ing kutha,nalika padha golek pangankanggo nyambung uripe.

20. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani, anggen kawula ajrih sanget punika,saha anggenipun nyawa kawula ngolang-ngaling punika,manah kawula molak-malik wonten ing nglebet kawula,awitdene kesangeten anggen kawula mbalela,wonten ing jawi anak-anak kawula katumpes dening pedhang,wonten ing salebetipun griya dening sesakit pes.

21. Paduka mugi karsaa midhangetaken, kadospundi anggen kawula sesambat,mangka boten wonten ingkang nglipur kawula,mengsah-mengsah kawula sami mireng bab kasangsaran kawula,lajeng sami bingah, awit Paduka ingkang ndhatengaken punika!Dinten ingkang sampun Paduka undhangaken punika mugi kadhatengna,saha mengsah-mengsah wau mugi sami dadosa kados kawula!

22. Piawonipun sadaya mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,saha tiyang-tiyang wau lajengmugi sami Paduka etrapi punapa ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng kawula,margi saking kathahipun duraka kawula;awit kathah panggresah kawula,sarta manah kawula nandhang sakit.”

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 1