Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 9:6-23 Kitab Sutji (JAV)

6. Pangandikane Nabi Musa: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, padha lakonana, supaya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang kowe.”

7. Pangandikane Nabi Musa marang Imam Harun: “Nyedhaka ing misbyah, kurban pangruwating dosa lan kurban obaranmu olahen, sarta nganakna pirukun kanggo awakmu dhewe lan kanggo bangsa iku; sawuse mangkono kurbane wong akeh mau banjur olahen, sarta nganakna pirukun kanggo wong akeh iku, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah.”

8. Imam Harun tumuli majeng nyelaki misbyah, lan banjur mragat pedhet kurban pangruwating dosa kang kagem sarirane piyambak.

9. Para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, sarta Rama Harun nyelupake drijine ing getih iku tumuli dileletake ing sungune misbyah. Saturahe diesokake ana ing sikile misbyah. Saturake diesokake ana ing sikile misbyah.

10. Gajih, ginjel lan gembelaning atine kurban pangruwating dosa iku diobong ana ing misbyah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

11. Nanging daging lan lulange diobong ana ing sajabane palereban nganti entek.

12. Sawuse mangkono banjur mragat kurbane obaran, para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun tumuli ngesokake getih iku ana ing misbyah mubeng.

13. Banjur iya padha ngladekake kurbane obaran manut perangan-perangane kang wus katemtokake dalah endhase pisan; tumuli diobong ana ing misbyah.

14. Jeroan lan pupune padha dikumbah lan diobong karo kurbane obaran ana ing misbyah.

15. Sawuse iku kurbane wong akeh nuli diajokake menyang ing misbyah: wedhus berok kurban pangruwating dosa kang kanggo wong akeh banjur disembeleh kanggo kurban pangruwating dosa kaya kang dhisik.

16. Kurbane obaran banjur dikon ngajokake menyang ing misbyah, lan kaolah miturut pranatan.

17. Sawuse iku nuli kurbane dhaharan diajokake, dipundhut sagegem lan diobong ana ing misbyah, ing sandhinge kurban obaran esuk.

18. Banjur uga mragat sapi lan wedhus gibas lanang sedhiyan kurban slametan kanggo wong akeh, para putrane Rama Harun nuli padha ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun nuli ngesokake iku ing sakubenge misbyah,

19. nanging sakehe gajihe sapi lan wedhus mau, yaiku buntut sagajihe, gajih kang nasabi jeroan, ginjel apadene gembelaning ati,

20. iku padha ditumpangake ing andhemane kurban sakarone; kabeh banjur diobong dening Rama Harun ana ing misbyah.

21. Andheman lan sampile kang tengen iku disaosake dening Rama Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; kaya kang wus diprentahake Nabi Musa.

22. Sawuse mangkono Rama Harun banjur ngayatake astane kaungkulake marang wong akeh lan mberkahi wong-wong iku. Sawuse nyaosake kurban pangruwating dosa, kurban obaran lan kurban slametan banjur tumedhak.

23. Nabi Musa lan Imam Harun tumuli lumebet ing Tarub Pasewakan. Bareng miyos banjur padha mberkahi marang wong akeh, sarta kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngatingal marang wong sabangsa kabeh,

maca bab lengkap Kaimaman 9