Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 9:16-24 Kitab Sutji (JAV)

16. Kurbane obaran banjur dikon ngajokake menyang ing misbyah, lan kaolah miturut pranatan.

17. Sawuse iku nuli kurbane dhaharan diajokake, dipundhut sagegem lan diobong ana ing misbyah, ing sandhinge kurban obaran esuk.

18. Banjur uga mragat sapi lan wedhus gibas lanang sedhiyan kurban slametan kanggo wong akeh, para putrane Rama Harun nuli padha ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun nuli ngesokake iku ing sakubenge misbyah,

19. nanging sakehe gajihe sapi lan wedhus mau, yaiku buntut sagajihe, gajih kang nasabi jeroan, ginjel apadene gembelaning ati,

20. iku padha ditumpangake ing andhemane kurban sakarone; kabeh banjur diobong dening Rama Harun ana ing misbyah.

21. Andheman lan sampile kang tengen iku disaosake dening Rama Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; kaya kang wus diprentahake Nabi Musa.

22. Sawuse mangkono Rama Harun banjur ngayatake astane kaungkulake marang wong akeh lan mberkahi wong-wong iku. Sawuse nyaosake kurban pangruwating dosa, kurban obaran lan kurban slametan banjur tumedhak.

23. Nabi Musa lan Imam Harun tumuli lumebet ing Tarub Pasewakan. Bareng miyos banjur padha mberkahi marang wong akeh, sarta kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngatingal marang wong sabangsa kabeh,

24. lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.

maca bab lengkap Kaimaman 9