Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 8:16-28 Kitab Sutji (JAV)

16. Sakehe gajih kang tumemplek ing jeroan, gembelaning ati, ginjele karo pisan sagajihe, padha dijupuki nuli diobong dening Nabi Musa ana ing misbyah.

17. Nanging sapi lanang mau lan lulange, daginge lan tlethonge diobong ana ing sajabane palereban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

18. Sawuse mangkono wedhus gibas lanang kang kanggo kurban obaran kaajokake, Rama Harun lan para putrane padha numpangake astane ana ing endhase wedhus lanang mau.

19. Wedhuse banjur disembeleh; Nabi Musa tumuli nyiramake getihe ing sakubenge misbyah.

20. Wedhuse banjur ditengkel-tengkel miturut katemtuan, endhase lan perangan-perangane apadene gajihe tumuli diobong dening Nabi Musa.

21. Nanging jeroan lan sampile dikumbah, wedhus iku diobong dening Nabi Musa kabeh ana ing misbyah; iku kurban obaran, kang gandane gawe rena, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Sawuse mangkono Nabi Musa dhawuh ngajokake wedhus gibas lanang sijine, iya wedhus kang kanggo kurban wisudhan. Rama Harun lan para putrane banjur padha numpangake astane ana endhasing wedhus mau;

23. wedhuse tumuli disembeleh, Nabi Musa mundhut getihe sathithik dileletake ing godhohing talingane Rama Harun kang tengen, jempolane asta tengen, lan jempolane sampeyan kang tengen.

24. Nabi Musa banjur ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya padha maju, nuli ngleletake getih mau sathithik ing godhohe kupinge kang tengen, jempolane tangan tengen lan jempolane sikil tengen, getih turahane disiramake ing sakubenge misbyah,

25. tumuli mundhut gajihe, buntute sarta gajihe kang tumempel ing jeroane, gembelaning atine, ginjele karo pisan sagajihe apadene sampile kang tengen.

26. Sabanjure uga mudnhut roti bunder siji tanpa ragi lan roti bunder siji kang dioseri lenga, roti tipis siji, saka ing kranjang kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha katumpangake ing sakehe gajih lan ing sampil kang tengen mau,

27. kabeh iku nuli kadekek ing astane Rama Harun lan para putrane sarta kasaosake minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

28. Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut sakabehe mau saka ing epek-epeke astane Rama Harun lan para putrane, sarta diobong ana ing misbyah kurban obaran dadi kurban wisudhan, minangka ganda kang gawe rena, kurban genenan kang kasaosake marang Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Kaimaman 8