Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 8:10-24 Kitab Sutji (JAV)

10. Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut lenga jebad, kaagem njebadi Tarub Suci lan saisine kabeh padha disucekake.

11. Misbyahe iya dikepyuri lenga jebad iku sathithik rambah kaping pitu dalah sapirantine kabeh, karodene padasan satadhahane iya disucekake kanthi patrap mangkono.

12. Lenga jebad iku diesokake sathithik ing mustakane Rama Harun, nuli panjenengane dijebadi supaya suci.

13. Nabi Musa iya ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya maju, tumuli dianggoni kemejan, disabuki lan dianggoni serban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

14. Sapine lanang kurban pangruwating dosa banjur diajokake, Rama Harun lan para putrane padha numpangake astane ing endhase sapi kurban pangruwating dosa mau,

15. sapine nuli disembeleh, Nabi Musa banjur mundhut getihe dileletake klawan driji ana ing sungu-sunguning misbyah mubeng, kanthi patrap mangkono misbyah mau dadi kasucekake saka dosa; getih turahane diesokake ana ing sikile misbyah. Misbyahe dadine kasucekake kalawan patrap mangkono iku lan kaolehake pirukun.

16. Sakehe gajih kang tumemplek ing jeroan, gembelaning ati, ginjele karo pisan sagajihe, padha dijupuki nuli diobong dening Nabi Musa ana ing misbyah.

17. Nanging sapi lanang mau lan lulange, daginge lan tlethonge diobong ana ing sajabane palereban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

18. Sawuse mangkono wedhus gibas lanang kang kanggo kurban obaran kaajokake, Rama Harun lan para putrane padha numpangake astane ana ing endhase wedhus lanang mau.

19. Wedhuse banjur disembeleh; Nabi Musa tumuli nyiramake getihe ing sakubenge misbyah.

20. Wedhuse banjur ditengkel-tengkel miturut katemtuan, endhase lan perangan-perangane apadene gajihe tumuli diobong dening Nabi Musa.

21. Nanging jeroan lan sampile dikumbah, wedhus iku diobong dening Nabi Musa kabeh ana ing misbyah; iku kurban obaran, kang gandane gawe rena, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Sawuse mangkono Nabi Musa dhawuh ngajokake wedhus gibas lanang sijine, iya wedhus kang kanggo kurban wisudhan. Rama Harun lan para putrane banjur padha numpangake astane ana endhasing wedhus mau;

23. wedhuse tumuli disembeleh, Nabi Musa mundhut getihe sathithik dileletake ing godhohing talingane Rama Harun kang tengen, jempolane asta tengen, lan jempolane sampeyan kang tengen.

24. Nabi Musa banjur ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya padha maju, nuli ngleletake getih mau sathithik ing godhohe kupinge kang tengen, jempolane tangan tengen lan jempolane sikil tengen, getih turahane disiramake ing sakubenge misbyah,

maca bab lengkap Kaimaman 8