Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 7:29-36 Kitab Sutji (JAV)

29. “Sira ndhawuhana marang umat Israel: Sing sapa nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna pisungsunge marang Sang Yehuwah saperangane kurbane slametan mau.

30. Kudu klawan tangane dhewe anggone ngladekake sakehe kurban genenan kang konjuk marang Sang Yehuwah iku. Anadene gajihe karo andhemane iku kang kaladekna; andhemane supaya digoyangna dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

31. Lan gajihe banjur diobonga dening imam ana ing misbyah, nanging andhemane mau dadi pandumane Harun lan para anake.

32. Karodene sampile kang tengen sira ladekna marang imam dadi pisungsung-mligi saka sakehe kurbanira slametan.

33. Anake Harun kang ngurbanake getih lan gajihe kurban slametan, iku kang kudu oleh panduman sampil tengen mau.

34. Sabab andheman pisungsung goyangan lan sampil pisungsung-mligi iku wus padha Sunpundhut saka wong Israel saka sakehe kurbane slametan, sarta wus Sunparingake marang Imam Harun lan marang anak-anake; iku dadia paranatan kanggo ing salawase tumrap wong Israel.”

35. Iya iku pandumane Harun lan pandumane anak-anake saka sakehe kurban genenan kagem Sang Yehuwah, nalika padha dikarsakake dadi imam kagem Pangeran Yehuwah;

36. iku kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kapasrahna marang para imam mau saka wong Israel nalikane padha dijebadi, iku dadia pranatan kanggo ing salawase turun-tumurun.

maca bab lengkap Kaimaman 7