Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 7:21-38 Kitab Sutji (JAV)

21. Sarta maneh manawa ana wong kang nggepok sabarang kang najis, yaiku najising manungsa, utawa najising kewan kang najis utawa kewan gumremet kang najis, mangka banjur mangan daginge kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”

22. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa mangkene:

23. “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Sira aja padha mangan gajih sapi, gajih wedhus gibas utawa gajih wedhus berok.

24. Dene gajihing bathang lan gajihing kewan kang mati katubruk iku kena kanggo sadhengah kapreluan, nanging poma aja pisan-pisan sira pangan.

25. Awitdene sapa wong kang mangan gajihing kewan kang kasaosake dadi kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.

26. Mangkono uga ana ing ngendi bae pamanggonira, sira aja mangan sadhengah getih, dadia getihing manuk utawa getihing kewan.

27. Sapa wong kang mangan sadhengah getih, iku nyawane katumpesa saka ing antarane bangsane.”

28. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

29. “Sira ndhawuhana marang umat Israel: Sing sapa nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna pisungsunge marang Sang Yehuwah saperangane kurbane slametan mau.

30. Kudu klawan tangane dhewe anggone ngladekake sakehe kurban genenan kang konjuk marang Sang Yehuwah iku. Anadene gajihe karo andhemane iku kang kaladekna; andhemane supaya digoyangna dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

31. Lan gajihe banjur diobonga dening imam ana ing misbyah, nanging andhemane mau dadi pandumane Harun lan para anake.

32. Karodene sampile kang tengen sira ladekna marang imam dadi pisungsung-mligi saka sakehe kurbanira slametan.

33. Anake Harun kang ngurbanake getih lan gajihe kurban slametan, iku kang kudu oleh panduman sampil tengen mau.

34. Sabab andheman pisungsung goyangan lan sampil pisungsung-mligi iku wus padha Sunpundhut saka wong Israel saka sakehe kurbane slametan, sarta wus Sunparingake marang Imam Harun lan marang anak-anake; iku dadia paranatan kanggo ing salawase tumrap wong Israel.”

35. Iya iku pandumane Harun lan pandumane anak-anake saka sakehe kurban genenan kagem Sang Yehuwah, nalika padha dikarsakake dadi imam kagem Pangeran Yehuwah;

36. iku kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kapasrahna marang para imam mau saka wong Israel nalikane padha dijebadi, iku dadia pranatan kanggo ing salawase turun-tumurun.

37. Iku mau angger-angger tumrap kurban obaran, kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa, kurban dhendha, pisungsung wisudhan lan kurban slametan,

38. kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai ing nalikane wong Israel padha kadhawuhan ana ing pasamunan Sinai, supaya padha nyaosake kurbane marang Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Kaimaman 7