Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 7:2-17 Kitab Sutji (JAV)

2. Anggone nyembeleh kurban dhendha iku anaa ing panggonane nyembeleh kurban obaran, dene getihe kasiramna ing sakubenge misbyah.

3. Kang kasaosake yaiku: sakehing gajihe, buntute kang ana gajihe lan gajih kang nasabi jeroan,

4. ginjele karo pisan sagajihe, kang ana ing lempeng, apadene gembelaning atine dijupuk bareng karo ginjele.

5. Kabeh mau diobonga dening imam ana ing misbyah dadi kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah. Iku kurban dhendha.

6. Kang mangan iku wong lanang panunggalane para imam, pamangane ana ing panggonan kang suci, iku panduman kang suci pinunjul.

7. Kurban dhendha iku kapadhakna kaya kurban pangruwating dosa; pranatan siji kanggo karo-karone; iku dadi pandumane imam kang nganakake pirukun sarana kurban mau.

8. Mangkono uga imam kang nyaosake kurban obarane sadhengah wong, iya imam iku kang dhuwenana lulange kurban obaran kang kasaosake.

9. Saben kurban dhaharan kang kapanggang ana ing panggangan roti, lan sakabehe kang kaolah ana ing wajan lan kang dipanggang, iku dadia pandumane imam kang nyaosake.

10. Sadhengah kurban dhaharan kang diolah karo lenga utawa garingan iku dadi pandumane para anake Harun, kabeh oleh panduman.”

11. “Iki pranatan bab kurban slametan, kang arep disaosake marang Pangeran Yehuwah.

12. Manawa kang kasaosake iku kanggo kurban pamuji sokur, kurbane iku kakanthenana roti bunder tanpa ragi, pangolahe diwori lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, karodene glepung gandum pilihan kaulet lenga.

13. Anggone nyaosake iku kakanthenana roti bunder kang mawa ragi, katunggalna karo kurban slametan pamuji sokur.

14. Nuli siji-sijine bagean kang kakurbanake iku dijupuka niji, disaosna minangka pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, pisungsung iku dadi pandumane imam kang nyiramake getihe kurban slametan iku.

15. Lan daginge kurban pamuji sokur kang dadi kurban slametan iku kapangana ing dina anggone kasaosake, aja ana kang dingengehake tekan esuke.

16. Dene manawa kurban sembelehan mau kanggo ngluwari punagi utawa kurban manasuka, iku kapangana ing dina anggone kasaosake lan turahane kena dipangan esuke.

17. Nanging apa kang isih turah nganti dina katelune iku diobonga nganti entek.

maca bab lengkap Kaimaman 7