Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 7:16-28 Kitab Sutji (JAV)

16. Dene manawa kurban sembelehan mau kanggo ngluwari punagi utawa kurban manasuka, iku kapangana ing dina anggone kasaosake lan turahane kena dipangan esuke.

17. Nanging apa kang isih turah nganti dina katelune iku diobonga nganti entek.

18. Awitdene manawa daginge kurban slametan iku kapangan ing dina katelune, iku bakal ora katrimah, lan kurbane kaanggep batal, malah dadi njemberi, lan sapa wong kang mangan iku bakal nyangga kaluputane dhewe.

19. Daging iku manawa kagepok ing sadhengah kang najis, iku aja dipangan, nanging kaobonga nganti entek. Saben wong kang ora najis klilan mangan daginge kurban iku.

20. Nanging sadhengah wong kang mangan daging kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, mangka wong mau kaanane najis, nyawane kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.

21. Sarta maneh manawa ana wong kang nggepok sabarang kang najis, yaiku najising manungsa, utawa najising kewan kang najis utawa kewan gumremet kang najis, mangka banjur mangan daginge kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”

22. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa mangkene:

23. “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Sira aja padha mangan gajih sapi, gajih wedhus gibas utawa gajih wedhus berok.

24. Dene gajihing bathang lan gajihing kewan kang mati katubruk iku kena kanggo sadhengah kapreluan, nanging poma aja pisan-pisan sira pangan.

25. Awitdene sapa wong kang mangan gajihing kewan kang kasaosake dadi kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.

26. Mangkono uga ana ing ngendi bae pamanggonira, sira aja mangan sadhengah getih, dadia getihing manuk utawa getihing kewan.

27. Sapa wong kang mangan sadhengah getih, iku nyawane katumpesa saka ing antarane bangsane.”

28. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

maca bab lengkap Kaimaman 7