Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 7:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. “Iki pranatan bab kurban slametan, kang arep disaosake marang Pangeran Yehuwah.

12. Manawa kang kasaosake iku kanggo kurban pamuji sokur, kurbane iku kakanthenana roti bunder tanpa ragi, pangolahe diwori lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, karodene glepung gandum pilihan kaulet lenga.

13. Anggone nyaosake iku kakanthenana roti bunder kang mawa ragi, katunggalna karo kurban slametan pamuji sokur.

14. Nuli siji-sijine bagean kang kakurbanake iku dijupuka niji, disaosna minangka pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, pisungsung iku dadi pandumane imam kang nyiramake getihe kurban slametan iku.

15. Lan daginge kurban pamuji sokur kang dadi kurban slametan iku kapangana ing dina anggone kasaosake, aja ana kang dingengehake tekan esuke.

16. Dene manawa kurban sembelehan mau kanggo ngluwari punagi utawa kurban manasuka, iku kapangana ing dina anggone kasaosake lan turahane kena dipangan esuke.

17. Nanging apa kang isih turah nganti dina katelune iku diobonga nganti entek.

18. Awitdene manawa daginge kurban slametan iku kapangan ing dina katelune, iku bakal ora katrimah, lan kurbane kaanggep batal, malah dadi njemberi, lan sapa wong kang mangan iku bakal nyangga kaluputane dhewe.

19. Daging iku manawa kagepok ing sadhengah kang najis, iku aja dipangan, nanging kaobonga nganti entek. Saben wong kang ora najis klilan mangan daginge kurban iku.

20. Nanging sadhengah wong kang mangan daging kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, mangka wong mau kaanane najis, nyawane kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.

21. Sarta maneh manawa ana wong kang nggepok sabarang kang najis, yaiku najising manungsa, utawa najising kewan kang najis utawa kewan gumremet kang najis, mangka banjur mangan daginge kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”

maca bab lengkap Kaimaman 7