Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 6:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Imam banjur ngolehna pirukun wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah, temah bakal oleh pangapura tumrap sadhengah prakara kang wus dilakoni kang njalari kaluputane.”

8. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

9. “Harun lan anak-anake iku sira dhawuhana mangkene: Iki pranatan bab kurban obaran. Kurban obaran iku kudu tansah tumumpang ing geni ing misbyah sawengi muput nganti tekan esuk, genine kajagaa supaya tansah murub.

10. Imam banjur manganggoa klambine lena, lan sruwale lena kanggo nutupi kawirangane. Sawuse kurban obaran iku kobong kabeh, nuli ngukupa awu kang ana ing misbyah, kabuwanga ana ing sandhing misbyah.

11. Sawuse mangkono banjur cucula sandhangane lan salina sandhangan liyane, awune mau nuli digawaa menyang ing sajabane pakuwon ing panggonan kang ora ana najise.

12. Geni ing misbyah dijagaa supaya terus murub, aja nganti mati. Saben esuk imam kudu nyugokake kayu ing genine misbyah, lan nata kurban obaran ing kayu mau, apadene ngobong sakehe gajihe kurban slametan ana ing kono.

13. Genine kudu tansah dijaga supaya tetep murub ana ing misbyah, aja nganti mati.”

14. “Iku pranatan bab kurban dhaharan. Anak-anake Harun nyaosna iku marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe misbyah,

15. nuli anaa siji kang njupuk kurban dhaharan sagegem karo lengane, lan sakehe menyan kang tumumpang ing kurban dhaharan, iku kabeh banjur diobonga ana ing misbyah, satemah gandane ngremenake minangka pangenget-enget ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

16. Turahane mau kudu dipangan dening Harun lan anak-anake: iku kaolaha dadi roti tanpa ragi lan kapangana ana ing panggonan kang suci, ing platarane Tarub Pasewakan.

17. Anggone ngolah aja nganggo ragi. Iku panduman peparingingSun saka kagunganingSun kurban sesaosan genenan, iku panduman suci pinunjul, padha kaya kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha.

maca bab lengkap Kaimaman 6