Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 4:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa mangkene:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong kang nerak wewalere Pangeran Yehuwah ora klawan dijarag, dadi pancen nglakoni salah sawijining larangan mau,

3. lan saupama kang gawe dosa mau imam kang kajebadan, temah bangsane katut kaluputan, iku nyaosna sapi lanang nom siji kang tanpa cacad, minangka kurban pangruwating dosa konjuk marang Pangeran Yehuwah.

4. Sapi mau diladekna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngareping lawange Tarub Pasewakan, tangane katumpangna ing endhase sapi, lan sapine banjur kasembeleha ana ing ngarsane Sang Yehuwah,

5. imam kang jinebadan iku nuli njupuka getihe sapi mau sawetara digawa mlebu menyang ing Tarub Pasewakan,

6. sarta imam mau banjur nyelupna drijine ing getih iku, sarta diepyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe geber pasucen.

7. Sawuse mangkono getih mau salong dileletna ing sungune misbyah padupan racikan bumbu-bumbu, kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan.

8. Dene sakehe gajihe sapi lanang kurban pangruwating dosa iku dijupuka gajihe kang nasabi jeroan lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,

9. sarta ginjele loro pisan sagajihe kang kraket ing kono, yaiku kang ana ing lempeng, apadene gembelaning atine, dijupuka bareng karo ginjele mau,

10. padha kaya anggone njupuk saka sapi kurban slametan, banjur diobonga dening imam ana ing misbyah kurban obaran.

11. Anadene lulange lan sakehe daginge sapi lanang mau, endhase lan pupune, jeroane lan tlethonge,

12. dadi sapi lanang mau kabeh digawaa metu menyang sajabane palereban, ing panggonan kang ora ana najise, iya ing papan pambuwangan awu, banjur diobonga nganti entek ana ing geni kayu ing papan pambuwangan awu.

13. Manawa kang gawe dosa ora kanthi kajarag iku sagolongane umat Israel kabeh, mangka pasamuwan ora rumangsa padha nglakoni salah sawijining bab kang dadi wewalere Pangeran Yehuwah, satemah padha dadi kaluputan,

14. samangsa dosa kang dilakoni iku kaweruhan, nuli pasamuwan nyaosna sapi lanang nom siji minangka kurban pangruwating dosa. Sapi mau diladekna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan.

maca bab lengkap Kaimaman 4