Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 27:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Karodene tumrap kang umur sawidak taun utawa luwih, manawa lanang sira ajenana limalas sekel, manawa wadon sepuluh sekel.

8. Nanging saupama wonge mau mlarat banget, nganti ora bisa mbayar pangajine wong kang dipunageni, iku nuli diajokna marang ngarepe imam, supaya imam nemtokna pangajine; dene imam anggone nemtokake ajine miturut kakuwatane wong kang nglairake punagi mau.

9. Manawa punagine iku tumrap raja-kaya kang kena kagawe kurban sumaos marang Pangeran Yehuwah, sadhengaha kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, iku kudu suci.

10. Iku ora kena diijoli utawwa dilironi, dadi kang becik diijoli kang ala, utawa kang ala dilironi kang becik. Ewasamono manawa kewan diijoli kewan liyane, kang diijoli lan kang kalirokake kudu suci.

11. Manawa iku kewan kang karam, kang ora kena kagawe saos kurban marang Pangeran Yehuwah, kewan iku diajokna marang ngarepe imam,

12. banjur direganana dening imam, mawa-mawa ala-becike. Dene sapira putusane imam, iya tetepa samono.

13. Lan manawa kewan mau arep ditebus, pangajine mau ditambahana sapralimane.

14. Manawa ana wong kang nyengker omahe, kagawe sengkeran sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku direganana dening imam, mawa-mawa ala-becike. Dene sapira putusane imam, iya tetepa samono pangajine.

15. Nanging manawa kang nyengker mau arep nebus omahe, pangajine omah dipunjulana sapralimane, sawuse mangkono omah mau dadi darbeke maneh.

16. Manawa ana wong kang nyengker saperangane palemahane sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku pangajine kudu cundhuk karo wiji kang disebar, yaiku: wiji sair sagomer kang disebar direganana seket sekel salaka.

17. Manawa anggone nyengker palemahane mau wiwit ing Taun Yobel, pangajine tetep samono.

18. Nanging manawa anggone nyengker mau sawuse Taun Yobel, imam anggone ngetung pangajine mituruta kehe taun kang kari tekan ing Taun Yobel candhake, lan iku kanggo nyuda pangajine.

maca bab lengkap Kaimaman 27