Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 27:17-26 Kitab Sutji (JAV)

17. Manawa anggone nyengker palemahane mau wiwit ing Taun Yobel, pangajine tetep samono.

18. Nanging manawa anggone nyengker mau sawuse Taun Yobel, imam anggone ngetung pangajine mituruta kehe taun kang kari tekan ing Taun Yobel candhake, lan iku kanggo nyuda pangajine.

19. Anadene manawa kang nyengker palemahan iku nyata-nyata arep nebus, wong mau kudu mbayar dhuwit pangajine dipunjulana sapralimane, sawuse mangkono bali dadi darbeke maneh.

20. Nanging manawa palemahane mau ora ditebus, utawa malah wus diedol marang wong liya, iku ora kena ditebus maneh,

21. nanging sauwale ing Taun Yobel, palemahan iku dadi suci tumrap Pangeran Yehuwah, kaya dene tanah bengkasan, iku imam kang mesthi ndarbeni.

22. Anadene manawa kang disengker sumaos marang Pangeran Yehuwah iku palemahan mentas olehe tuku, lan ora kagolong palemahan duweke dhek biyen,

23. imam anggone ngregani ngetunga nganti tekan Taun Yobel; ing dina iku uga wong mau nyaosna dhuwit pangajine, iku minangka pisungsung suci sumaos marang Pangeran Yehuwah.

24. Ing Taun Yobel palemahan mau kudu bali marang kang ditukoni dhisik, yaiku wong kang sakawit ndarbeni palemahan mau.

25. Sakehe reregan iku mituruta sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gera.

26. Anadene mungguh pambarepe raja-kaya kang pancen wus dadi hake Yehuwah saka ing antarane kewan-kewan, iku ora kena disengker dening sapa bae; dadia sapi, dadia wedhus gembel utawa wedhus berok iku pada kagungane Yehuwah.

maca bab lengkap Kaimaman 27