Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 24:10-12 Kitab Sutji (JAV)

10. Kacarita ing sawijining dina ana wong lanang, embokne wong Israel, bapakne wong Mesir kang nekani tarub palerebane wong Israel. Wong mau banjur kerengan karo wong Israel ana ing palereban.

11. Anake wong wadon Israel iku tumuli ngala-ala lan ngipat-ipati asmane Pangeran Yehuwah; tumuli disebakake marang ing ngarsane Nabi Musa. Embokne wong iku jenenge Selomit anake Dibri saka taler Dhan.

12. Wonge banjur ditahan karo ngenteni karampungane kang cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Kaimaman 24