Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 22:19-33 Kitab Sutji (JAV)

19. supaya ndadekake keparenge Sang Yehuwah, pisungsung iku kudu tanpa cacad, iku kudu sapi kang lanang tanpa cacad, wedhus gibas utawa wedhus berok.

20. Apa kang ana cacade aja sira pisungsungake, awitdene iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.

21. Karodene samangsa ana wong nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah arupa sapi utawa wedhus kanggo ngluwari punagi kang mligi utawa minangka pisungsung manasuka, iku kudu kang tanpa cacad, supaya ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, awake aja ana cacade sathithik-thithika.

22. Kewan kang picak utawa kang tugel balunge, kang tatu utawa kang wudunen, kang korengen utawa gudhigen, iku aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah; kewan kang kaya mangkono iku aja sira ladekake dadi kurban genenan ana ing misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah.

23. Nanging sapi utawa wedhus kang kedawan utawa kecendheken gegelitaning badane, iku kena sira saosake kanggo kurban manasuka, nanging manawa kanggo kurban punagi, Pangeran Yehuwah mesthi ora rena marang sira.

24. Kewan kang dikebiri srana diremuk, digecak, diremed utawa dikethok, aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah. Sira aja nindakake mangkono ana ing nagaranira,

25. lan saka tangane bangsa liya sira iya aja padha nyaosake sadhengah iku mau, minangka dhaharane Allahira, marga iku kabeh wus padha rusak lan cacad; Pangeran Yehuwah ora bakal rena marang sira marga saka sesaosan iku.”

26. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

27. “Manawa ana pedhet utawa cempe gibas sarta cempe wedhus berok lair, iku awora karo embokne pitung dina lawase, nanging wiwit dina kang kaping wolune lan sabanjure manawa kagawe kurban genenan kagem Pangeran Yehuwah, iku ndadekake keparenge.

28. Sapi utawa wedhus berok utawa wedhus gembel iku aja sira sembeleh bebarengan tunggal dina karo anake.

29. Karodene samangsa sira nyaosake kurban pamuji sokur konjuk marang Pangeran Yehuwah, iku anggonira nyembeleh dinganti ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.

30. Poma kurban iku dipangana ing dina iku uga; aja ana kang sira ngengehake tumeka esuke; Ingsun iki Yehuwah.

31. Kang iku sira padha nggatekna ing pepakoningSun lan padha sira lakonana; Ingsun iki Yehuwah.

32. Sira aja padha nerak marang kasucening asmaningSun kang suci, supaya Ingsun kasucekake ana ing satengahe wong Israel; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira kabeh,

33. iya kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap Kaimaman 22