Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 20:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.

7. Mulane sira kudu padha nucekake awakira, supaya padha dadi suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira.

8. Sarta sira padha nggatekna lan padha nindakna pranataningSun; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira.

9. Manawa ana wong ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku kaukuma pati; marga wus ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, getihe ngenanana awake dhewe.

10. Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.

11. Manawa ana wong kang nunggal turu karo somahe bapakne, dadi ngungkapi kawirangane bapakne, sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

12. Mangkono uga manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo mantune wadon, sakarone padha kaukuma pati; dene padha nglakoni pratingkah kang rusuh; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

13. Mangkono uga manawa wong lanang nunggal turu karo padha wong lanang patrape kaya karo wong wadon, dadi padha nglakoni pratingkah kang rusuh, iku sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

14. Manawa ana wong lanang rabi loro, anak wadon lan biyunge, iku pratingkah rusuh lan nistha. Wong iku dalah somahe karo pisan diobonga, supaya aja ana pratingkah rusuh lan nistha ana ing tengahira.

15. Karomaneh manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo sadhengaha kewan, iku kaukuma pati, dalah kewane iya kapatenana uga.

16. Mangkono uga manawa ana wong wadon kang ngumpuli sadhengah kewan supaya dijamaha, wong wadon iku dalah kewane padha sira patenana; loro-lorone kudu kaukum pati; getihe tumempuh marang sakarone.

maca bab lengkap Kaimaman 20